Jumat, 04 Maret 2011

SYA'IR KH. ABDURRAHMAN WAHID

Astaghfirullah Rabbal Baraya
Astaghfirullah minal Khotoya
Rabbiy Zidni 'Ilman nafi'a
Wa wafiqni 'amalan Sholiha

Ya RASULALLAH Salamun 'Alaik
Ya Rafi'azani wad daroji
'Afatal Yaji Roddal 'Alami
Ya uhailaljuudi wal karami..x2

Ngawiti Ingsun ngarang Syi'iran
Kelawan Muji maring PENGERAN
Kang paring Rahmat lan Kenikmatan
Rino Wengine tanpo Pitungan... x .. 2

Duh Bolo Konco Prio Wanito
Ojo Mung Ngaji Syari'at Bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro x .. 2

Akeh Kang apal Qur'an Hadist e
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak di gatek ke
Yen isih kotor ati akale x ..2

Gampang kabujuk Nafsu angkara
Ing pepaese GEBYARE DONYO
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto..x 2

Ayo Sedulur Jo ngelale'ake
Wajibe ngaji sak pranatane
nggo ngendel ake IMAN TAUHIDE
Baguse sangu MULYO MATINE..x2

Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan syari'atmu ne
Laku thariqot lan ma'rifate
Ugo haqiqot manjing rasane..x2

Al Qur'an Qodim wahyu minulyo
Tanpo di nulis biso diwoco
Iku wejangan Guru Waskito
Den tancepake ing jero dodo..x2

Gumantil ati lan pikiran
Ngerasuk ing badan kabeh jeroan
Muji nang Rasul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge IMAN..x2

Kelawan Allah kang moho Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Di Tirakati di Riyadhohi
DZIKIR lan Suluk jo nganti lali..x2

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pas an
Kabeh di nakdir saking pengeran..x2

Duh Lawan konco Dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo ngresilo
Iku sunahe rasul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito..x2

Ayo ngelakoni sekabehane
Allah kang Bakal ngangkat derajad te
Senajan Asor Toto Dhohire
Ananging Mulyo MAQOM derajad te..x2

Lamun Palastro ing pungkasane
Ora Kesasar ROH lan SUKMANE
Den Gadang ALLAH Suargo manggone
Utuh Mayite ugo Ulese..x2

Ya Rasulallah Salamun 'Alaik
Ya Rafi'azani wad daaroji
'Afatal Yaji Roddal 'Alami
Ya uhailaljuudi wal karami..x2

Al Fatihah

Hadanallahu wa iyyakum wa 'afwa minkumWassalamu'alaikum wa Rahmatullahi wa barakatuh
video ada di http://www.facebook.com/video/video.php?v=1793167828642

Tidak ada komentar:

Posting Komentar